WEJANGAN PINI SEPUH

Monggo podho di woco :
“WEJANGAN PINI SEPUH”

*Rejeki iku ora iså ditiru….,
Senajan pådå lakumu,
Senajan pådå dodolanmu,
Senajan pådå kerjåmu,
*Hasil sing ditåmpå bakal bedå2….,
Iså bedå nèng akèhé båndhå,
Iså ugå ånå nèng Råså lan Ayemé ati,
Yåaa iku sing jenengé bahagia….

*Kabèh iku såkå tresnané  Gusti kang måhå kuwåså…..,
Såpå temen bakal tinemu,
Såpå wani rekåså bakal gayuh mulyå.
Dudu akèhé, nanging berkahé kang dadèkaké cukup lan nyukupi…..

*Wis ginaris nèng takdiré menungså yèn åpå sing urip kuwi wis disangoni såkå sing kuwåså,  Dalan urip lan pangané wis cemepak cedhak kåyå angin sing disedhot bendinané….,
Nanging kadhang menungså sulap måtå lan peteng atiné, sing adoh såkå awaké katon padhang cemlorot ngawé-awé,
Nanging sing cedhak nèng ngarepé lan dadi tanggung jawabé disiå-siå kåyå orå duwé gunå.

*Rejeki iku wis cemepak såkå Gusti, ora bakal kurang anané kanggo nyukupi butuhé menungså såkå lair tekané pati…., 
Nanging yèn kanggo nuruti karep menungså sing ora ånå watesé, rasané kabèh cupet, nèng pikiran ruwet, lan atiné marahi bundhet.

*Welingé wong tuwå, åpå sing ånå dilakoni lan åpå sing durung ånå åjå diarep-arep, semèlèhké atimu, yèn wis dadi duwèkmu bakal tinemu, yèn ora jatahmu, åpå maneh kok ngrebut såkå wong liyå nganggo cårå sing ålå, yå dientèni waé, iku bakal gawé uripmu lårå, rekåså lan angkårå murkå sak jeroning kaluwargå, kabeh iku bakal sirnå balik dadi sakmestiné.

*Yèn umpåmå ayem iku mung biså dituku karo akèhé båndhå dahnå rekasané dadi wong sing ora duwé.
Untungé ayem isà diduwèni såpå waé sing gelem ngleremké atiné ing bab kadonyan, seneng tetulung  marang liyan, lan pasrahké uripé marang GUSTI ALLAH……..
#copas#Ust. Kholid syamhudi LC

supaya dimengerti semua. ini terjemahannya.
💐💐 Silahkan dibaca :🌾🌾
” Nasehat dari orang tua ”
——————————————
🌲Rejeki itu tidak bisa ditiru…,
walaupun sama langkahmu
Walaupun sama perniagaanmu,
Walaupun sama pekerjaanmu,

🌾Hasil yang diperoleh akan berbeda beda…
Bisa berbeda di banyaknya harta, 
Bisa juga ada di rasa dan ketenangan hati
Ya itu yang dinamakan Bahagia…
🌿 Semua itu dari kasih sayang Allah yang maha Kuasa…
Siapa yang tekun akan menemukan
Siapa berani susah akan memperoleh kemuliaan
Bukan banyak, tapi berkah yang menjadikan cukup dan mencukupi..

🍂 Sudah tercatat dalam taqdirnya manusia, setiap yang hidup sudah dibekali dari yang kuasa.
Jalan hidup dan kebutuhannya sudah tersedia dekat seperti angin yang dihirup setiap harinya
Tetapi kadang manusia silau mata dan gelap hatinya, yang jauh dari badannya kelihatan terang benderang memanggil manggil
Tetapi yang dekat di depannya dan jadi tanggung jawabnya disia sia seperti tidak ada gunanya

🍁Rejeki itu sudah tersedia dari Allah, tidak akan kurang adanya untuk mencukupi kebutuhan manusia dari lahir hingga mati

🍂 Tapi kalo untuk menuruti kemauan manusia yang tidak ada batasnya, rasanya semua sempit, difikiran “ruwet ” dan hati nya menjadi kusut.
🌿 Pesan orang tua, apa yang ada dijalani dan apa yang belum ada jangan diharap harap, tentramkan hatimu, kalau belum menjadi bagianmu, apalagi sampai merebut dari orang lain dengan cara yang buruk… Ya ditunggu saja.. itu akan membuat hidupmu sakit, susah dan angkara murka didalam keluarga.
Semua itu akan sirna sirna menjadi sebagaimana mestinya
*Kalau seandainya ketenangan itu hanya bisa dibeli dengan banyaknya harta, sungguh susahnya menjadi orang yang tidak punya
* Untungnya ketenangan itu bisa dimiliki siapa saja yang mau meredam hatinya dalam hal keduniaan, senang menolong kpd orang lain dan memasrahkan hidup kepada Allah…

(Terjemah hamba Allah)

Leave a comment